LEGENDA KRETEK NGANDHONG LAN WATU GAJAH
Sumber carita: Mbah Harto Slamet
Ing wewengkon padukuhan Nglengkong kidul Sumberrejo saka arah wetan desa yen anuju ing Padukuhan Jetis angliwati bulak kang rada jembar. Sapinggire ana kali kang diarani Kali Ngandhong lan bulak kang kaoncoran banyu seko kali iku uga diarani bulak nagandong. Banyune Kali Ngandong ora tau asat sanajan ing mangsa ketiga dhawa. Asale banyu mili saka sawijining tuk kang diarani Tlampok. Banyu mili mangidul angliwati tempuran, sakwetane padukuhan nglengkong nuju ing padukuhan jetis terus mangidul. Menawa warga nglengkong lan jetis metu menyang negoro (kutha) kudu angliwati kreteg kang kasebut Ngandhong. Miturut para pinisepuh diarani kreteg Ngandhong amarga rikala jaman Londo ana arak-arakan temanten numpak andhong kang njegur ing kreteg iku. Andhong kang gawa temanten mau jegur ing kali lantaran jaran kang nyeret andhong tan keno kapekak amarga keweden weruh lelembut kang nunggu ing kretek.
Andhong yaiku salah sawijining kendaraan roda papat kang ditarik ngangggo jaran. Dhek jaman biyen, andhong amung oleh digunakake priyayi utowo keluarga kraton. Dasanamane andhong yaiku Deelman, jeneng kang sepisanan gawe, jenenge jangkepe Charles Theodore Deelman, insyinyur Belanda kang ahli ing babagan irigasi rikala jaman penjajahan.
Dene ana carita liya, diarani kreteg ngandhong amarga anaa andhong kang nggawa arak-arakan temanten kejegur ing kreteg rikala mboyong salah sawijine putri kang bakal dadi gundik sisihane saudagar sugih kang mapane ono ing tlatah Kedu. Dene puteri mau iseh legan, ananging dadi sarana nyaur utang wong tuwane marang saudagar mau. Kamangka puteri mau wus duwe pacangan kang wus setya ing janji mbangun katresnan
marang pria kang dadi idamane. Mula, ing sajroning lelampahan putri tansah ngetoke luh. Ngepasi tekan kreteg arep nyebrang Kali Andhong kang mboyong temanten kajegur ing kreteg, wusanane puteri mau bisa uwal lumayu seko saudagar sugih kang bakal mboyong dheweke dadi gundike.
Ing sak lor kretek ono watu kang aran watu gajah. Dene watu iku diarani watu gajah amarga gedene ngluwihi gajah njerum. Akeh kang percaya yen ing sak dawane kKli Ngandhong dadi kratone lelembut. Dene jenise lelembut mau mawarna-warna. Ana kang weruh wujud ula naga lan macan putih kang ngetoki ana sak
ndhuwure watu gajah. Simbah-simbah ing sak kiwa tengene kali, anggone ngarani si macan kuwi “Kyaine” utowo “mbahne”. Pituture para pinisepuh macan putih iku mau wujud pedanyangan kang njaga rumekso Desa Nglengkong ana ing ndadah sisih kidul wetan. Saben usum maling Desa Nglengkong diparingi aman amarga ana kyaine utowo mbahne kang awujud macan putih kang jogo rumekso ing kreteg Ngandong. Dene ulo nogo kedadean seko jenis pusoko kang mapane ana ing sak dawane kali Ngandong.
Temanten kang kajebur mau minongko pepeling kanggo anak putu yen anane kang jaga rumekso ing kreteg Ngandong. Mula welinge para sesepuh yen ana temanten liwat kana kudu nganggo tandha janur minangka wujud panuwunan tolak balak kanggo kaselamatan marang Kang Maha Kuwasa.
Lan para kadang tani kang garap sawah yen arep panen nganakake wiwitan ing saben setahun sepisan arupi ingkung lan sego wiwit kanti ora ninggalke godong dadap serep, suruh janur lan iwak kotes. Minangka jaangkepe ubarampene yaiku:
1. Godong dadap serep minangka pralambang kesejahteraan, godhonge ijo subur lan duwe ciri khas saben papahe ono godonge telu mengku karep manungso yen arep nuju kesejahteraan iku kudu
njogo keseimbangan hubungan :
a. Manungso karo Gusti kang moho kuoso
b. Manungso karo Alam sakitare
c. Manungso karo sapodo podo manungso
2. Godong Suruh minangka simbul panyuwunan supaya diparingi katentreman
3. Janur minangka tulak balak
4. Iwak kotes minagka dhaharan lawuh karemenane kanjeng Sunan Geseng. Kanyoto ana ing daerah kene iseh podho ndherek marang ajarane kanjeng Sunan Geseng kang disiarake dening putro turun lan pandhereke yaiku
seneng sodakoh, kanthi wujud gendurenan lan wiwitan kanggo panyuwunan saha wujud rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Wujud wiwitan mau sabanjure kaprucah ono ing sawah utawa pategalan lan padha didhahar bebarengan. Wiwitan katindakake saben setahun pisan yen mangsa arep panen taneman pari kang di
tindake kanthi bebarengan utawa kang diarani derep.
Tradisi wiwitan iseh dilestarekake marang sebagian warga kang ngolah sawah ana ing bulak Ngandhong minangka wujud syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa amarga asil panen mau diparingi matikel lan tinebih saka bebayaa kang agawe rusaking taneman. Mangkana mau arane kali , bulak lan kretek Ngandhong kedadeyan amarga ana arak-arakan temanten kanti numpak andhong kang njegur ono ing papan iku. Kanggo pepeling marang anak putu anane kang mbaurekso ana ing papan kana supaya lakune manungsa kudu tansah ngati-ati eling marang gusti kang moho kuoso kanthi tansah muji syukur,ngetokake sodakoh, seneng paweweh
marang wong liyan, guyup rukun lan kudu bisa njaga keseimbangan alam ing sak kiwa tengene.
Editor: Inaza Zamalia
